TEKS SULUH


Sabtu, 25 Desember 2021

WENGI DESEMBER, Yanti S Sastro Prayitno

 WENGI DESEMBER

Sajake angin lagi sesingidan ing waliking gegodhongan

lintang-lintang uga lagi lumuh pilih kekudhung mega

lan wengi Desember nembangake lelagon sepa

nunggu gumrojoge udan kang kelangan mangsa

Sepi kang kuwawa ngrerujit ati

rikala liyeping mripat mung ngiwi-iwi

kabuncang pangangen nrajang wektu-wektu kang wus adoh lumaku

tansaya kepingin kabuwang

tansaya rosa angadhang

Apa pancen katresnan iku mung impen

sinelip ing antaraning panguripan

amarga kanyatan kerep  nyulayani pangarep

Apa urip iku mung isi panandhang

rikala kabeh gegayuhan mung ambyar ing tawang

nalika suku napak ing lemah

sanyatane tan bisa agawe bungah

Wengi Desember kadya swaraning nala kang krodha

nyoba nduwa kabeh kang gawe kuciwa

nanging sanyatane urip mung saktitahe

ora perlu mbebujung lintang

apa ngunggahi kluwung

Cukup jumangkah kanthi sumringah

nyisihake sakabehing rasa susah

amarga wektu terus lumaku

ora bakal maelu rasaning atimu

Semarang, 2 Desember 2020