TEKS SULUH


Rabu, 06 Mei 2020

OMAH KANG ENDAH, Sarwo Darmono




Urip ing alam wantah

Kang ginayuh para titah

Kedah sanyata gadhah

Omah kang endah

Gawe kempaling simah

Saha putra wayah



Omah kang endah

Papane paring asih asuh asah

Papaning musyawarah

Lampah gesang bungah susah

Papane manembah lan pasrah

Manembah marang kang maha mirah

Ngalap berkah lan hidayah

Betah mapan ing omah endah

Omah kang endah

Kebak barokah

Kangge sadanya titah



Lumajang, Senen Kliwon 04052020

Pangripta Sarwo Darmono