TEKS SULUH


Kamis, 14 Januari 2021

Puisi Gambuh R Basedo di Gembok 2021

 Gambuh R. Basedo


Angon Ukara


Apa kang kedah kakunci

Saking larik ripta saha gurit gurit mami

Myang saben sak jangkah pinuju

Satuhu janji handermabaktiaken          

Endahing ukara datan mandeg

Pindha ngapa mardika kang sun duweni

Senajan hamung nggandheng nggandheng saking prenca ukara

Lan remukaning kuciwa pun mami tetep kekeh ngibarake gendera

Dimen ora  hanjerit  saben watesing lumaku

Ira hanamung angon aksara

Saking dusun sudra tanpa aran

Sakjroning kitab,hananging ana ing jroning crita kasunyatan

Ingsun hanyerat dhateng teleng gemulunge kasunyatan urip

Engga ilange subasita luhur

Angon ukara ukara

Ing underane duka ingkang sampun dadhos prahara

Nalika ukara ukara kasubya subya lajeng karusak pikiran

Lan rusuhing bebengok kang wus dadi langesing ati

Mami tansah angon,nganti lingsir

Ing antarane gemelung angkasa saha ibering camar

Kang wus haninggalake kabahagyan

Nelusup jroning sasmithaning suara lan puncrate pangangen

Istana Puisi,  09.09.2020


Gambuh R. Basedo


Bumi Taman Welas

Bumi taman welas

Mijil saka trisna  turun temurun sakbanjure

Bumi ora nembe muwun kapiyuyun hanyumurupi manekaperkara

Bumi tan nggethingi werna werni

Rante urip iku nyawa kang  samya  nguripi

Kapitadhosan tan kanggo tukarpadu

Datan perlu nengga suwarga sesuk

Samangke ciptanen suwarga welas asih

Sirnakna neraka prahara banjiring rah nanah congkrah

Bumi taman welas

Jembar tanduri kembang endahing kerukunan

Aja takon maneh sapa   lan saka ngendi dangka

Ngidunga pupuh asmarabumi

Rangkul rinangkul nyawiji sejati myang hyang widhi tanpa patembaya

Hai menungsa kang tasih manungsa

Agama kuwi mboten pusaka kangge nyilakani apa maneh mateni

Rembang 07.07.2020











Gambuh R. Basedo adalah penyair yang lahir di Rembang,01 Oktober 1973, saat ini tinggal dan menetap di Rembang, Jawa Tengah.

Anak kandung karyanya dalam Antologi Puisi Tunggal, “Suluk Cinta Kawah Candradimuka” (2020).

Karya karyanya telah diterbitkan dalam antologi bersama, antara lain yaitu : menjadi salah satu "Penyair Jingga” (2012)  “Kado Pernikahan”, (2010),  “Dandani Luka Luka Tanah Air” (Antologi puisi Numera  Malaysia - 2020), “Kesan Covid” (Fakultas Penulis Kreatif dan Filem – Malaysia :2020),  “Tribute Sapardi” (2020), “Antologi Para Pendaki” (2020), Broken Heart (2020), Pelangi Cinta (2020), dan lain lain, juga menulis di harian lokal BMRFox Kotamobagu.

Prestasi yang pernah dicapai dalam berkesenian adalah sebagai Duta tari Festifal Tari Surabaya, Jawa timur, tahun 2004,  Dalang suluk, Penggagas dan pencipta  “Wayang Lontar Ganyar” sejak tahun 2003  hingga sekarang. Penggagas “Ketoprak Cilik” (anak anak usia 10 – 13 tahun) sejak tahun  1990 hingga sekarang. 

Kegiatan sehari hari sebagai Penggiat Seni dan Perawat Kebudayaan Jawa juga pelaku Teater Mistis dan Interculturalisme ala Gambuh sejak tahun 2000.  Dalang Suluk Wayang Lontar Ganyar.