TEKS SULUH


Kamis, 14 Januari 2021

Puisi Gampang Prawoto di Gembok 2021

 Gampang Prawoto


Dhedhet Rahina 


tintriming wengi

aja kokanggep sepi

ing ulegan usering pikir 

sarah lan sangkrah durung gelem kentir

isih mobah mubeng anteng 

peteng lelimeng 

wiwit awang awang tekan ngarep lawang 

tetanduran sawah thukul sajrone omah 

batin tansah ngenes teles 

banyu langit ngebun tumus ing netra

wengi

tintriming luwih rame  saka kutha

dhedheting luwih padhang tinimbang rahina.

Sastrowidjojo,05102020


Gampang

Gurit Lingsa


tuma wis ora ana

tankwawa nandhang lapa

ing pathak keteling alas rikma

saka panas benter bantering pikir

molak malik ndonya jagading tuma.

tuma wis ora ana

ning kor kor panggah anake tuma

gemrayah polah ngidak-idak sirah

pating pendhusul gatel nyecep getih 

krembyahan kaya ora duwe salah.

tuma wis ora ana

amung ninggal maewu lingsa 

ing sadawane wulu saketele rikma

entenana sauntara sajembare mustaka

akal lan nalar bakal kebak tuma, kor, lan lingsa.

Sastrowidjojo, 13092020


Gampang Prawoto, lahir Bojonegoro, 23 Oktober 1971, termasuk penyair yang produktif , Aktif di Sanggar Sastra ( PSJB ) Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro. Puisi dan guritnya yang pernah diterbitakan diantaranya Antologi tunggal ”Babat Windu,1997” .  Antologi bersama  baik bertaraf regional maupun nasional. Tinggal di Bojonegoro Jawa Timur.